Translate

Rabu, 08 Juni 2016

Sangu Poso Soko Eyang

"SANGU POSO SOKO EYANG"

Dino kuwi, ono 7 (pitu): Maksud-e PITU bisa : PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo dipun simak njih ...

1. SENEN: tegese,
OJO BOSEN marang UNEN² (unen² miturut Wong Jowo , sing kang bisa digawe tuntunan marang kauripan)

2. SELOSO: SELAKNO NGAMAL MARANG SOPO² (wong ngamal iku ora pilih², ora ndelok wonge sopo)

3. REBO: KEREPO SINAU BEN ORA BODHO (mumpung isih urip ditlateni anggone ngluru ilmu, mergo ngaji iku penting 'ojo sing penting ngaji')

4. KEMIS: LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS (ojo podho ngumbar omongan marang wong liyo. Luwih meneh ojo ngrasani tangga)

5 JUMAT: JUMBUHNO LELAKON KARO NIAT/ KEKAREPAN. (yen nduwe niat/cita² kudu usaha ikhtiar, supoyo kekarepanne biso kelakon.)

6. SABTU: INSAB-PO MARANG SAMUBARANG SING WIS KEWETU. (sak bejo2-ne wong kang lali, isih bejo wong kang tansah eling lan waspodho)

7. MINGGU: MINGGIRO BARANG SING OLO, LAKONONO BARANG SING RAHAYU (sing apik ayo podho dilakoni)

Yo wis, kuwi kabeh mau. pitutur-e Eyang, dinggo sangu nglakoni ngibadah Poso, ojo mung di eling, sing mesti kudu di lakoni ...🙏🏼

Tidak ada komentar: